Senin, 17 Mei 2010

PEMILIHAN UMUM
Milih sungkan…. Ora milih bleh kepenak

Kang Wata kwe golongane wong sing sregep merhatikena perkembangane politik kususe ning Slawi. Wonge tah ora mercayani, angger dideleng anggo-anggone be sadawane urip ora pernah ngaggo klambi ataw celana sing regane sket ewu menuduwur, rambute ya ora pernah mambu minyak, apamaning nganggo minyak wangi (parfum). Kang Wata lamon dideleng pendidikane ya mung-mungan, deweke kur lulusan SD. Jare kanca-kanca sa letinge, si Wata sabenere pinter, tapi pan keprimen maning, wong go mangan bae terkadang angel, dadi ora bisa nerusena sekolah kaya batir-batire.
Dasare bocah uteke rada cerdas, deweke melu garo wong pinter sing gaweane ning perpolitikan. Taun-taunan deweke melu karo wong pinter mau, sampe ngerti apa sing hubungane karo politik. Ngomonge be kadang-kadang sok kaya politikus kelas berat. Ya kwe mau, kranane ora due dasar pendidikan sing lumayan, deweke mung pinter satitik tapi sok pinter, malah terkadang gayane kaya ya-yaha. Inpormasi apa bae sing ning Kabupaten Tegal herane ngerti kabeh, kayane dong bose lagi krisisk-krisik garo solmete si Wata kayonge nguping. Lah wong perkara sing sabenere rahasia nemen be si Wata ngerti.
Sijineng dina si Wata ditakoni daning pak Markum sing saiki lagi njagong ning kursi empuk Dewan, tegese anggota DPR. Takone kaya kiye “ Ta… pendapate kowen dong rame-rame ana Pemilu piben?” si Wata rada kaget, ning jero atine karo mbatin, bisane anggota dewan terhormat takon masalah Pemilu ninmg aku? Apa nyong dianggap wong hebat ya….?. krana wateke si wata sok pinter, deweke njawabi,malah sok-sokan nganggo bahasa popiler. Jawabe si Wata kaya kiye” pak Dewan…saya ini mengamati dan juga pernah ikut pemilu selama kurang lebih 12 (dua belas) kali, agaknya belum menemukan hasil pemilu yang sesuai dengan konsep demikrasi yang ada di negeri tercinta ini. Bagaimana demokratisasi akan terwujud dengan baik, jika demokrasi hanya cukup dibeli dengan Rp. 5000 s/d Rp.20000..? jawab si Wata garo tangane malangkerik. Apa kwe sing diarani many politik ya… jare si Wata. Angger kaya kwe tah sing penting saiki golet duit bae se karung, kaya aku sing ibarate jongos be bias dadi dewan. Tapi si Wata mbatin nimpali omongane dewek. Negara pan maju piiiben… wong awale be wis nganggo duit, mengko dong wins ning dewan kaya aku pikirane pibe bias modale balik, durung utange sing ning bank, lan liya-liyane. Ya begitu jawabane aku sing penting DPR aja dadi ajang kanggo nggolet kerjaan.
Terus pak. Markum takon maning… “ pemilu rong ewu sanga kowen milih apa ora Ta…?” bisane takone kaya kuwe pak? Jarene Pemilu ber-asas-kan langsung,umum, bebas, rahasia, jurur dan adil? Angger takon milih apa ora karo nyong berarti ora rahasia o ya…? Jawabe si Wata. “Kye tah mumpung wis lubaran ikihan…” dijawab maning karo pak Darkum. “Sabenere aku sungkan milih, tapi ora kepenak garo wong sing pernah nei duit garo akau. Jawabe si Wata garo ngekek…” Bisane sungkan milih Ta…? Ora sungkan piben, wong dong kampanye janjine muluk-muluk, tapi dong wis dadi akeh sing ora di tepati. Contone lurung sing ning wetan umahe nyong tutug mbelet, benyek ora diaspal-aspal. Ya wis lah, kakehan ngritik mbokan diarani wong ala… wis ya pak akau lagi ditunggu bojo pan kulakan bodin go napkahi keluarga, ader kaya sampean sing gari nuding be olih duit, jawab si Wata garo ngcingkag…… he…he…..

1 komentar:

  1. mas wata pendapete bener, saiki kayane masyarakat kudu luwih selektif milih calon pemimpin ya.. supaya ora mbluseng..ya sing wis ya wis.. sing pan teka mudah-mudahan pilkada bersih ora ana money politik maing... aaaamin...

    BalasHapus